Palang Sepur

Oleh rambak.co
14 Februari 2026, 12:57 WIB

John Kipli  kuwi sawijining PNS. Nyambut gawe ing Bale Kota . Omahé ana ing Banjarsari, wilayah sing ayem, cedhak menyang pusat kutha, lan cukup nyaman kanggo urip sing katon “wis aman”.

Saben esuk, John Kipli  mangkat kerjo nganggo pola sing meh ora tau owah. Jamé padha, jaket dinas dirapèkaké, motor diuripké, banjur mlaku alon menyang kantor. Ora kesusu, ora uga santai banget. Pas. Kaya wong sing wis suwé rukun karo rutinitas.

Urip ing Solo kuwi sejatine ora ruwet. Ora akèh macet, ora akèh klakson nesu. Nanging ana siji titik sing meh mesthi: dalan Pasar Nongko. Ing kono, John Kipli  kerep mandheg, nunggu palang sepur mudhun.

Nalika palang nutup, John Kipli  mandheg. Mesin motor isih urip. Sepur liwat-kadhang siji, kadhang loro. Ora suwé, nanging cukup kanggo nggawe wektu kaya ndeg sedhela.

Ironisé, mung ing kono John Kipli  pancèn mandheg saben dina.

Sawisé palang munggah, urip mlaku manèh. Kaya biasané.

Tekan kantor, John Kipli  sibuk. Rapat ana. Surat mlebu metu. Grup WA rame wiwit ésuk. John Kipli  dudu wong males. Tugase dirampungké. Prosedur apal. Aluré ngerti. Lan sing paling penting: ngerti kapan kudu kerja, kapan ora perlu takon kakehan.

John Kipli asring krasa kesel. Lan rasa kesel kuwi katon sah. Wong kerja kok ora kesel?

Nanging yen dipikir-pikir, John Kipli  wis pirang-pirang taun kesel nganggo pola sing padha. Jabatané padha, cara mikiré ora adoh beda, lan rencana uripé mung ana ing pikiran, durung tau bener-bener digarap.

Sore dina, John Kipli  bali omah pas wektu. Kuwi kebanggaané. Tekan omah, tv diuripké, HP digenggem, banjur teturon. Dina rampung karo rasa capek sing nenangké, amarga sesuk kabeh bakal mbaleni saka awal.

John Kipli  jarang duwe wektu sepi. Utawa luwih pasé, jarang gelem maringi wektu kanggo mikir. Kesibukan dadi alesan sing alus kanggo ora takon marang awake dhéwé: “Uripku iki maju apa mung muter?”

Ing Solo, mandheg kuwi ora krasa medeni. Ora rame. Ora dramatis. Wong iso stagnan tanpa krasa gagal. Gaji mlaku. Status jelas. Urip katon stabil.

John Kipli produktif. Nanging apa progresif, kuwi crita liya.

Kadhang, nalika palang sepur Pasar Nongko mudhun manèh, John Kipli  mandeng lurus. Nunggu sepur liwat. Nunggu sakedhap. Banjur mangkat manèh. Ora nesu. Amarga ngenteni wis dadi bagian saka uripé.

Sing ora tau bener-bener ditakokké John Kipli  yaiku: nganti kapan urip iki mung mandheg sakedhap, nanging sejatiné ora tau maju adoh?

Solo kuwi kutha sing ora maksa wong mlayu. Nanging justru ing kono ujiané. Opo awak dewe mlaku amarga ngerti tujuwané, apa mung amarga palang wis munggah lan jam kerjo wis nunggu?

John Kipli isih dadi PNS sing apik.
Nanging pitakonané prasaja, ora mrepeg mula kerep dilalekké:

John Kipli kuwi lagi mbangun urip, apa mung ngenteni pensiun kanthi rapi?

Artikel Terkait