Muleh Ndeso

Kisah John Kipli, PNS Solo yang tampak sukses namun menyimpan beban cicilan dan tanggung jawab keluarga. Di makam orang tuanya, ia hanya bisa mbatin

Oleh rambak.co
16 Februari 2026, 16:11 WIB

Balik maneh neng critane John Kipli. Dheweke wis suwe manggon ing Solo wiwit dadi mahasiswa ing salah siji perguruan tinggi negeri ing Kutha Bengawan. Sawise lulus, uripe ora adoh saka kutha kuwi. Dheweke banjur ngabdi dadi PNS ing Bale Kota Solo, nglakoni dina-dina kanthi rutinitas kantor lan tanggung jawab anyar minangka kepala kulawarga.

Nalika mangsa prei bareng lan wis nyedhaki wulan suci Ramadan, John Kipli mulih menyang tanah leluhure, ing dhaerah ngisor sikile Gunung Merapi sisih kidul. Dhaerah kuwi wis kawentar wiwit jaman Syailendra minangka panggonan para tukang watu, sing biyen bisa ngedegake monumen sejarah paling gedhe sing diakoni donya. Monumen apa kuwi? Mesthine wis padha ngerti.

Nanging muleh ndeso dudu mung kanggo dolan utawa ketemu sedulur. John Kipli nyekar ing makam bapak-ibune. Dheweke lungguh meneng ing sandhinge pusara, ndonga suwe. Angin gunung semilir alon, swasana sepi kaya melu ngrungokake isi atine sing suwene iki disimpen rapet.

Ing mripate sedulur-sedulure, John Kipli iku wong sukses. Dadi PNS, numpak sedan, nduwe anak loro, lan bojone ayu. Katone uripe wis mapan lan tentrem.

Nanging saktenane, saben wulan pikirane kebak itungan: angsuran omah, cicilan mobil lan motor, uga biaya sekolah anak loro ing SD favorit sak solo. Saben tanggal enom, atine kerep gumun, “Isih cukup apa ora?”

Nalika ana ing makam, dheweke mbatin lirih:

“Pak, Buk… kulo niki sakjane dalem kesel. Nanging dalem kudu katon kuwat. Yen ora kuwat, anak-anak kepiye?”

Saliyane nyukupi kabutuhan omah-omah, dheweke uga kerep dijaluki tulung sedulur bab nyilih dhuwit. Amarga dianggep wis mapan, saben ana masalah finansial, jenenge mesthi kasebut luwih dhisik.

Ing kono John Kipli mung bisa narik ambegan dawa. Karo mbatin…

“Wuasyu… kok penak men uripmu. opo ora miki aku yo butuh”

Sanajan atine kebak beban, dheweke tetep ndonga. Muga-muga anak lan bojone tansah pinaringan sehat, lan rejekine dilancarke. Amarga ing pungkasane, John Kipli wis ngerti: urip dudu mung soal gengsi lan penilaian wong liya, nanging soal tanggung jawab lan keteguhan ati.

Lan saka makam pusara kuwi, dheweke sinau maneh bab sabar, yen kuwat sejatine kuwi ora mesthi katon saka njaba, nanging saka ati sing tetep gelem tanggung jawab senadyan kesel ora tau diumbar.

 

Artikel Terkait